Thursday, January 23, 2020

---

      Ning bulan kie, bulan januari enyong wis mangkat sekolah tanggal loro januari. Pas wis mangkat, ning sekolah enyong nambah akrab karo batir batire, trus sering dolan bareng guyonan bareng. Mesti sering kerja kelompok bareng, balik sekolah langusng kerja kelompok ngerjakna tugas nang umahe kancane.

    Pokoke seneng nemen dolan karo kanca kancane, mesti dang ana tugas ngerjaknane bareng bareng,
mesti dang pengen dolan mesti karo kanca kanca sekolah sing wis akrab nemen. Pokoke enak dang nduwe batir sing wis akrab nemen,enak diajak guyonan, karo dolan.

 Nang bulan januari mesti akeh tugas kelompok sing dikerjakna bareng bareng

Thursday, January 9, 2020

.

    Preinan bulan wingi nyong kur nang umah tok ora maring ndi-ndi. Mesti saben minggu sore nyong lunga maring umahe mbahe, dang minggu esuk jam 6man enyong mlaku-mlaku karo kancane. Dang nang umah kur mbantuni pegawean umah.

     Pas kuwe enyong dolan karo kanca-kancane maring umahe kancane, nang umahe kancane kuwe mangan mie bareng bareng. Trus mangan miene kuwe mie sing pedes nemen. Enyong maring umahe kancane jam 10an nyampe bar dhuhur.

    Pas preinan enyong sering nemen maring umahe mbahe, dolan nang kana karo sodara -sodarane.Kadang kadang sodara-sodarane  enyong sing maring umahe enyong.

    Pas tanggal 2 januari enyong wis mangkat sekolah. Pas mangkat wis mulai semester 2.