Thursday, November 7, 2019

KEMAH

  Pas bulan oktober nang sekolah ngadakna kemah masal tempate nang cacaban pas tanggal 8,9,10 oktober 2019, berarti mangkat dina selasa balik dina kamis. Mangkat sing sekolah jam 9 nan anjog nang cacabane jam 11 san.

  Hari pertama kuwe ana kegiatan upacara pembukaan kemah masal. Sawise upacara kabehe pada istirahat, bar kuwe mangan awan karo sholat bareng bareng.

   Hari kelorone ana kagiatan wide game kanggo kelas 7 karo 8. Kelas 9 ne kuwe ana kegiatan out bon

Thursday, October 31, 2019

PTS

Pas bulan september nang sekolah ana pts selama seminggu. enyong njagonge karo kelas wolu. Pts mulai hari senin sampai hari sabtu. Ning dina senin sampe dina kamis mulene jam set 8 sampai set 12,ning dina jumat mulene jam set 8 sampe jam 11,ning dina sabtu mulene jam set 8 sampe jam 9 soale pelajarane kur siji tok.


Wednesday, July 24, 2019

PREINAN

   Preinan wingi enyong ora lunga maring endi-endi, kur nang umah.  Biasane saben dina minggu enyong lunga maring umahe mbahe. Nang kana enyong dolanan karo sodara-sodara ne. Enyong nang umah melu ngrewangi ibune, kaya ngumbahi piring, ngeleri klambi, nyapu. Biasane dang esuk apa sore enyong pit-pitan karo adine. 

  Biasane kadang-kadang dina minggu esuk enyong sekeluarga lunga maring laut. Nang kana adine enyong adus adusan karo sodara-sodarane, nang kana kuwe enak nemen. Balik sing laut jam 10 nan.

  Dang minggu esuk mesti enyong kuwe enyong senenge maring gor, jalan2 karo keluargane, nang kana enyong tuku jajan. Nang kana kuwe jajane macem macem, enak enak lah jajane pokoke. Nang kana kuwe ramene nemen. 


  Enyong pas preinan dolan karo kanca2 ne, tapi ya ora klalen karo pekerjaan umah. Enak nemen dolanan karo kanca kancane, bisa guyonan bareng, gembuyu bareng, pokoke seneng nemen lah dang dolan karo kanca kanca ne. 


     Pas preinane wis pan rampung, enyong tuku peralatan sekolah karo ibune & adine. Terus mangakate kuwe tanggal 15 juli 2019.